Rabu, 15 Juli 2009

GEGURITAN

UNGGAHE LENGO
PangkuR :
Mingkar mingkure angkara
Akarana karenan mardisiwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinakarta
Mrih ketarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap ning tanah Jawa
Agama ageing aji

Unggahe lengo
Anggawe njomplang kadya katrajang udan angin
Unggahe lengo
Nggambarake murkane dewana... murkane para penguasa

Njangkah ngetan nora pener
Nglangkah ngulon nora gathuk
Meneng salah... obah tan ora kena
Urip cen angel
Anekak usus... ambiungkem cangkem

Hee... Penguwasa !!!
Sampeyan wakiling umat
Osak-asiking jagad peteng
Nggaw'a obor sutra
Delegen kuwi umatmu kang ngojak playuning angen-angen
Wenei atimu

Tangio... Tangio...

Thathit..Lintang Mbulan wis sirna
Amung surya sunar baskara kang kudu sampeyan gawa!
Elinga....
Tansaya arang tansaya diregani larang kanggo panguripan
Lengo patra, bensin, lenga klentik, solar lan liyane
Amalna setetes warih...
Amung kanthi gumregahing semangat bangsa

Urip rekasa kanggo semedi
Urip rekasa kanggo nyenyuwun marang Gusti
Urip rekasa kanggo laku bakal jumuduling sunar padhang kanugrahing Gusti kang mbirat sakabening memala lan sangsara


Dening: Florentina Rusmawati


Selasa, 14 Juli 2009

TULADHA SESORAH

SESORAH
UPACARA ADAT

Assalamualaikum wr.wb.

Nuwun, Bapak Suryadi ingkang dahat kinabekten sarta para kanca ingkang kula tresnani.
Saderengipun kula ngaturaken prekawis Upacara Adat Jawi ing dinten punika. Langkung rumiyin kula ngajak dhateng panjenengan sedaya. Mangga sami ngaturaken puji syukur ing ngarsanipun Pangeran Ingkang Maha Agung lan Maha Asih ingkang sampun paring kanikmatan lan kanugrahan dumateng kula panjenengan sami, seangga kita saged makempal ing wekdal punika.
Para rawuh ingkang kula kurmati lan tresnani.
Merti desa injih punika salah satunggaling upacara adat jawi ingkang dipunadani sak sampunipun panen pantun. Angkahipun kagem ngaturaken agunging panuwun tanduran pantun kasil dipun panen kanthi sae asilipun. Upacara adat punika asring dipun asrangi upacara mreti desa lan diasanipun dipados aken kaliyan upacara adat sedekah bumi utawi werti bumi.
Bapak Suryadi ingkang dahat kinabekten sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Ing jaman rumiyen upacara adat merti desa katuju marang dewi pantun injih punika Dewi Sri amargi kebrasilan panen punika lan kanggo ngresikaken desa sarta warganipun saking alangan supados kahanan desa dados tentrem.
Para rawuh ingkang kula kurmati lan tresnani
Wonten ing sadenah papan kagungan tata cara lan prosesi upacara adat ing boten sami miturut kabiasaan ananging angkahipun sami.
Mila kita minangka generasi muda prayoganipun jagi, nglestantunaken, nguri-uri tilaranipun leluhur kita. Sampun ngantos tilaranipun menika ical utawi boten karimat amargi ombyaking jaman utawi dipun pendet negari sanes.
Mekaten sekedik gambaran kabudayaan upacara adat kita, mugi-mugi saged dados piwulang ing pagesangan kita sedaya.
Cekap semanten atur kula. Jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi lepat nyuwun pangapura. Waduk gajah mungkur wanagiri, menawi wonten kladhuking atur nyuwun agunging pangaksami.

Wassalaamu’alaikum wr.wb.